Breaking News
Join This Site
Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Lingkungan

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Lingkungan

Pidato Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Lingkungan - Kali ini arsipkantor.com akan memberikan sebuah contoh pidato yang menggunakan bahasa Jawa dengan tema kebersihan lingkungan.







Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahirobbil ‘alamin, wabihi nasta’in ‘ala umuriddunyawaddin, wa’ala alihi wa shohbihi aj ma’in.
Minangka purwakaning atur, sumangga kita sedaya tansah ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Pangeran ingkang maha Agung, dene kita sedaya tansah pinaringan kasarasan. Sholawat saha salam sumangga kita aturaken Nabi kita Muhammad SAW, ingkang sanget kita tengga syafa’atipun benjang ing dinten kiyamat.
Dewan yuri, para bapa saha ibu guru ingkang kulo hormati, tuwin sedherek-sedherek ingkang kula tresnani. Ing wekdal menika mangga kita gatosaken karesikan, resik badan, resik ageman, saha resik griya utawi lingkungan. Kita kedah emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang sedaya, saengga kita kedah nguri-uri lingkungan mliginipun lingkungan sekolah.
Njagi karesikan lingkungan sekolah punika salah satunggaling upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit. Menawi lingkungan sekolah kita resik, kita ugi pikantuk dhampak positifipun, inggih punika pasinaon dados aman lan nyaman.
Karesikan sekolah saged dipuntindakaken kanthi mbucal larahan utawi sampah ing papan ingkang sampun dipun sedhiaaken. Sampah saged dipun pisahaken dados 2, inggih punika sampah teles saha sampah garing. Sampah teles kadosta sisa-sisa dhaharan, ron-ronan, woh-wohan lan sanes-sanesipun ingkang saget bosok piyambak kanthi alami. Sampah kala wau saget dipun olah dados pupuk kompos. Lajeng sampah garing kadosta plastik-plastik, karet, kertas, kaleng, lan sak piturutipun mboten saget bosok piyambak, kedah dipun gulawenthah amrih saget lebur/bosok, ananging ugi saget dipunginakaken dados barang-barang kerajinan (manfaat).
Reresik lingkungan sekolah saget dipuntindakaken kanthi piket kelas supados lare-lare sekolah nggadhahi tanggel jawab. Pramila, sumangga kita giataken reresik, mliginipun reresik ing lingkungan sekolah supados sedaya warga sekolah saget sehat, ayem saha tentrem anggenipun nindakaken pasinaon ing sekolah piyambak-piyambak.
Minangka wusananing atur, kupat kecemplung ing santen, menawi kulo lepat, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Untuk mendapatkan file dokumen lengkap dalam bentuk microsoft word atau .doc, silahkan klik tautan di bawah ini:
Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Lingkungan.docx

Terima kasih telah mengunjungi arsipkantor.com, kami tunggu kunjunganya kembali. Apabila menurut anda artikel ini bermanfaat, silahkan share melalui media sosial anda.

Berkomentarlah dengan baik dan sopan, komentar SPAM akan dihapus. Tema komentar bebas, tapi utamakan berkomentar tentang postingan ini.

Emoticon